Sabtu, 13 Maret 2010

Cerita Bahasa Jawa



PAIDI ora iso turu wengi iki, klisekan wae, mengkurep, mlumah, miring
kiwo-tengen. Malah kesel dhewe. Ora koyo biasane Paidi ora iso turu,
biasa ne bocahe paling gasik nek arep turu bar nGisak wae wes ngorok.

"oalah .. di .. di .. sing mbok gagas ki opo tho yo, rupamu ki lho,
blas ora mbejaji" Kang PARTO sing tugas jogo ronda "ngenyek"
PAIDI.

"aku lagi nandang wuyung kang" PAIDI njawab karo ngrudel.

"nandang wuyung ? karo sopo ? wedus … wak kak kak kak" Kang
PARTO pancen paling seneng ngenyeki bature kuwi.

`Yo, karo wong wedok no, rumangsa mu aku bandhot po" PAIDI malah
njegadul.

"Nek lagi nandang wuyung, yo di omong ke wae karo bocahe, ojo di
pendem neng jero ati. Dadi udun engko " Kang PARTO mesem mesem.

"la kuwi sing ora iso, piye tho kang ajarono tho. Iso ra kowe"
PAIDI rodo sumringah.

"oooo bunder" kang PARTO weleh weleh.

"kowe ki lagi seneng karo sopo tho, opo karo PAINI anake mbok simbar
sing dodol pecel" kang PARTO mesem maneh.

"dudu kang, aku lagi seneng karo yu SAMIKEM sing omahe lor mbelek
kae lho" PAIDI mesem.

"jabang bayik, SAMIKEM sing rodo kae. walah bocah gemblung kowe
… sing prawan wae okeh malah gandrung karo rondo" kang PARTO
arep tibo soko kursine amargo kaget.

"nek kowe gelem tak kei saran mendingan "mundur teratur wae
", amargo dhek wingi aku kerep ndelok Bos Edy blantik sapi sering
dolan nyang omahe yu SAMIKEM. Nganti Bos Edy ngerti kowe yo gandrung
karo yu SAMIKEM iso di kepruki kowe karo "bregajule" Bos
Edy" kang PARNO ngomong koyo sepur.


Pripun banjure laku lakone katresnane PAIDI, monggon podho gadah andil
wonten ing sayembara puniko ?

A. PAIDI mundur teratur

B. PAIDI neruske gandrunge karo SAMIKEM

C. PAIDI malah nyenengi PAINI

D. PAIDI istiqomah nJomblo

Sumanggo cerito puniko panjenegan terus aken ngangge VERSI panjenengan
piyambak?

Tidak ada komentar:

Posting Komentar